Negara Ketangga

Crita iki dumadi ing taun 1969, nalika jaman isih larang pangan, wong-wong ndesa durung padha sandhalan. Yen adus Ian umbah-umbah ana kali, mung kosokan watu, sabune woh lerak.Cocok karo tembange Didi Kempot, "Kosokan watu nyang kali nyemplung neng kedhung, jaman ndhisik durung usum sabun".

Wayahe isih esuk, udakara lagi jam wolu. Kanggone wong-wong sing mapan ana ereng-erenging gunung Lawu, yahmono kuwi isih kalebu esuk, jalaran isih krasa atis. Senajan hawane isih adhem nanging mbah Imam wis krasa rada anget, amarga wis klebon kopi sak cangkir karo tela godhog telung puk.

Yen ndeleng yuswane sakjane ya durung pati tuwa, wong lagi ngancik patang puluhan, nanging wong sak Jogorogo kono kabeh ngundang "Mbah", amarga mbah Imam pancen kalebu "wong ngerti" sing dadi papan pitakonan lan pitulunganing wong pirang-pirang.

Anake lagi siji, lanang, wis kelas telu SID nanging durung duwe adhi. Lha piye wong mbah Imam kuwi dhekjaman nom-nomane seneng mblayang. Jarene golek pengalaman! Dadi anggone omah-omah kasep.

Bubar ngopi lan sarapan tela godhog, dheweke lingak-linguk, bingung sing arep digarap. Lha arep ngapa?! Sawah Seputat cedhak Kedung Ngaron kae wis tandur. Sawah Sesengon wis diliciri kacang, malah dhek wingi ya wis dibanyoni. Pari panenan gadhu iki ya wis garing, wis mlebu lumbung. Ora suwe banjur klithih-klithih mlebu senthong kidul. Weruh regedan sandhangan nglumbruk neng amben, dheweke nggremeng, "Wong regedan numpuk sak gunung anakan ngene kok ora. ndang dikumbah ki apa ngenteni taun ngarep?!"

Bojone sing lagi uthek nyugokne geni ana pawon krungu terus nyaut, "Durung kobber! Sampeyan ngerti dhewe ta Pak, pirang-pirang ndina aku tandur. Bar tandur ya ferus icir kacang! Malah iki ngko ijik ngrewangi tandur neng nggone Lik Samit. Yah apa leh arep nandangi?!"

Wegah ngladeni tembunge sing wedok, mbah Imam terus ngukuti regedan sandhangan mau, dibuntel nganggo sarung ' Ancase arep diwasuh neng kali kulon, kali Pandean. Dina Jum'at ngene iki rak gilir kali Pandean.

Lagi njangkah saka lawang, bojone mbengoki, "Arep nyang ngendi, Pak?"

"Arep masuh nyang kali kulon! Ngenteni lehmu ngumbahi pa ra ya tiwas tayumen neh!" semaure mbah Imam rada sengol.

"Lha wong kali kulon butheke ora jamak thik!"

"Apa iya?"

"Iya, wong sawah ndhuwur lagi padha digarap!"

"Ya wis, yen ngono dakgawane nyang kali Apuk wae. Kana rak ora pati buthek," kandhane mbah Imam karo terus ngunclug ngetan.

Tekan sawah Sesengon isih ngetan terus. Pancen rada adoh, wong iki mengko isih ngliwati sawah Serandha Kuning barang. Eling yen arep ngliwati sawah Serandha Kuning, githoke rada mrinding, marga sawah kuwi pancen kondhang wingit. Kang Soma Abang, buruhe lik Latip, kae jarene matine ya digondhol dhemit sawah Serandha Kuning!

Lagi tekan dalan jurusan Pakis-Blonder dheweke diendheg kang Parno, "Arep nyang ngendi, mbah, kok nggawa buntelan sak mono gedhene?"

"Arep umbah-umbah nyang kali Apuk"
"Lha thik adoh temen!"
"Iya, Iha wong blumbang langgar asat, kali kulon butheke ngudubilah. Lha kowe maeng ka ngendi ta, No, kok yahmene wis neng kene?"

"Ka ngendhangi sawah . . .", semaure kang Parno rada rangu-rangu. Lha iya, sawahe Parno, sawah Sepethi, kuwi rak wis didol nyang Latip. Ngendhangi sawah ngendi maneh, Parno ki? batine mbah Imam rada gumun.

"Sik, Mbah . . ." kandhane kang Parno munggel angen-angene mbah Imam.

"Saiki ora sah umbah-umbah dhisik! Iki ana sing luwih wigati. Ayo melu aku!" tembunge kang Parno semu prentah. Diomongi ngono mau mbah Imam kok ya mung manut, lali karo tujuwane sakawit.

Wong loro banjur renteng-renteng mlaku ngalor, terus nyidhat ngetan ngliwati pundhen Marga Langu. Menggok ngalorngliwati kuburan Kranggan nganti tekan Nangkas, angen-angene mbah Imam isih genep, nanging sabanjure wis malik grembyang. Sing diliwati dudu dalan cilik ing galengan sawah maneh, nanging ratan aspalan amba ngilakilak alus Ian lurus. Dalane rame, akeh montor liwat.

"Iki tekan ngendi, No, aku kok kaya durung tau liwat?" pitakonane mbah Imam rada gumun.

"Awake dhewe iki wis tekan tepis wiringe negara Ketangga, Mbah. Lha kae, ngarep kae tembok kraton, nanging durung rampung olehe nggarap"

"Negara Ketangga?"

"Iya. Iki negara sing bakal timbul. Negara kang adil-makmur, gemah ripah loh jinawi, karta, tata tur raharja. Ya ing kene iki mbesuk bakal tumurun ratu adil kang jejuluk Gusti Ayu Dewi Srigati. Nanging saiki durung muncul, isih kinemulan ampak-ampak, pedhut dahuru ciptane Bathara Kala".

Mbah Imam kang manthuk-manthuk ngrungokake keterangane kang Parno. Ya mung gumune mbah Imam saya tambah, dene kang Parno iki jebul sugih pangerten!

Kesel anggone mlaku kang Parno ngajak leren neng warung cilik, nanging cekli, cedhak karo tembok kraton.

"Warung iki gulene paling enak, Mbah. Sampeyan sate thok apa nganggo gule barang?" kandhane kang Parno sawise padha lungguh.

"Ya sing pepak ta, No, ngiras pantes ngicipi gule Ketangga".

Ora nganti suwe pesenane gule Ian sate wis dadi. Karo mangan mbah Imam nyawang njaba. Akeh wong padha nyambut gawe nggarap omah gedhong gedhe. Nanging wangune mung pesagi, dawa, temboke dhuwur Ian ora ana cendhelane. Embuh yen sisih ngarep kana.

"lki omah apa, No, kok cendhelane ora ana Ian dawa banget?" Mbah Imam miterang.

"Iki dalem pakunjaran, Mbah, kanggo ngukum para durjana Ian wong sing tumindak culika. Lha kae, omah cilik sing ana ndhuwur kae kanggo panggonane sing njaga".

Rampung anggone mangan lan wis padha mari kesel, wong loro mau banjur nerusake laku. Sadalan-dalan mbah Imam mbatin, yagene bakul gule mau sak anake loro pisan kok blas ora krungu tembunge. Wong-wong nyambut gawe sak mono akehe kuwi mau kok ya ora ana sing guneman. Nanging pitakonan mau mung kandheg ana gulu, mbah Imam ora wani takon Kang Parno. Lakune wong loro tekan ngarep regol kraton. Gapurane kraton winangun memper irah-irahane buta gedhe, kaapit naga sakembaran. Pethite naga nglawer nganti tekan pungkasane gapura, nglanjak tekan pager.


"lki gapurane pendhapa Agung, mbah," kang Parno aweh katrangan. "Lha kuwi setinggil binaturata ya pendhapane kraton. Lha kae . . . weruh ora, Mbah?! Kae kursi gadhing dhampar kencana, pilenggahane Kanjeng Sinuwun".

"Ratune ana ngendi, No, kok suwung gambrung?" pitakone mbah Imam semu keweden, aja-aja ana punggawa kraton sing ngonangi.

"Iki ratune isih siningit, Mbah. Kabeh punggawa kraton ya durung muncul. Kabeh mau isih ngenteni mangsa kala, Mbah. Mbesuk yen wis teka titi-wancine kabeh bakal kabukak. Ya ing kono tumimbule ratu adil sing kita anti-anti."

"Sik, No..." mbah Imam nyelani. "Kae mau aku kaya weruh Sukar karo Sudar Sambungan padha melu kerja ana kene?!"

"Iya, Mbah. Wong nggone dhewe sing melu nyambut gawe ana kene ki ya akeh. Mas Hartono Kayangan karo Sumadi Campuhan barang kae ya kerja ana kene. Asile gedhe, mbah, bayarane akeh yen kerja ana kene."


Wayahe wis ngarepake surup nalika kang Parno ngajak mulih. Nanging sadurunge bali kang Parno pesen, aja pisan-pisan noleh yen durung oleh pitung jangkah. Dietung nganti sepuluh mbah Imam lagi wani noleh lan . . . kabeh wewangunan kraton mau wis ora ana. Weruh-weruh wong loro mau wis tekan protelon Kenep.

Wong loro padha ngadeg ngayer, ngenteni nunutan, mbokmanawa ana montor liwat. Ora let suwe ana trek saka wetan. Mbah Imam enggal-enggal nyetop. Kebeneran tibake treke pakdhe Joyo Sadiman. Sing nyopir Dasil. Lha kuwi mbokdhe Yem, bojone pakdhe Joyo Sadiman barang.

"Kowe mau saka ngendi?" pitakone mbokdhe Yem karo mbukak lawang.
"Ka dolan," jawabe mbah Imam cekak.
"Wis ayo, ndang munggah! Lha Parno kuwi ora mulih pisan?"
"Mboten, Dhe, kula mbenjing enjing mawon."

Montor nggereng ninggalake Kenep. Sadalan-dalan mbah Imam ora akeh omonge. Dheweke isih ngungun karo apa sing lagi dialami.

Tekan omahe pakdhe Joyo Sadiman, mbah Imam ora leranderen, terus wae mulih. Durung nganti tekan ngomah mbah Imam diendheg. Sing ngendheg kang Parno!

"Lho, No, kowe mau kok malah wis teka dhisik?" pitakone mbah Imam gumun.
"Teka ka ngendi, wong pirang-pirang ndina ra metu ka ngomah, thik!"
"Lha kowe rak keri ana Kenep mau ta?!"
"Kenepe sapa?! Aku ki ora lunga nyang ngendi-endi!"

Mbah Imam gumune ora entek-entek. Sing ngejak menyang Kraton Ketangga mau terus sapa?!

"Wis, Mbah, ayo deloken putumu kae!

Wis telung ndina awake panas. Ndang candhaken ben ndang waras!"

Mbah Imam enggal marani anake kang Parno sing lagi lara. Cukup anggone nambani terus wae bali. Awake kesel, lungkrah lan ngantuk. Nanging lagi mlebu ngomah wis diundhamana karo bojone, "Wong umbah-umbah nyang kali kok nganti telung
ndina ki sing dikumbah apa?!"


Telung ndina?! Kamangka rumangsane mbah Imam olehe budhal lagi mau esuk! Mbah Imam dadi nggumun setaun, njembleng serendheng, ning ya lega sak ketiga.*

Panjebar Semangat 26/'02

0 komentar: